JOKO BODHO MENYANG NGAYOGYAKARTA
“Joko…..Joko, wis rampung
aduse durung!”
“Durung Pakdhe,
lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe
Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone
Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene
kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni
Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana apa tha Pakdhe, kok
sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah
paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha
dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo
bagdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana sabar!”.
“Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu
saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun tha
aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wis…wis ayo padha
mangkat silak ketinggalan sepur mengko!”.
Joko Bodho karo Pakdhene
menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak
kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias numpak
sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga
deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko
Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep
menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking
wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.
Bubar enthuk panggonan
Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke
goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho
didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa
Pakdhene.
Bedha karo Jaka Bodho,
dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk
panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene.
Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu
malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur
nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah
diganggu!,wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha
nganti bengi, aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng
mbayar , pundhi karcis sepure?”. “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara
Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng
sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa
niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng
sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe
kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet
sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye
carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete
padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe Darsono ngerti
wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?.
Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane
Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe
ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?”. “Allhamdullilah
Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku
dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”.“Ampun…ampun
Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha rame-rame
neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula
khan mboten gadah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise aku
karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.
Mung siji setengah jam
wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho
karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana
Malioboro.
Teka Malioboro Joko Bodho
ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan klambi
apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk
merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke
kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe kula nuwun klambi
niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo
during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?”. “Inggih Pakdhe,
njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu mbayari klambi,
kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi bocah koyo
ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?”.
“Inggih Pakdhe pasti niku”.
Bubar Joko Bodho rampung
blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang.
Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang
Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan
yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa
Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep
ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak
ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah
ngendulak-ngenduluk.....
--26--
Tidak ada komentar:
Posting Komentar