Tumbas-tumbas
Wahid pancen bocah lucu. Tingkahe nyenengake sapa bae.
Denen iku wis rada gedhe nanging pelo, during biso muni “R”. yen biasane bocah
sing during biso muni “R” unine malih dadi “L”, Wahid ora. Unine malih dadi
“S”. sumur dadi sumus, kamar dadi kamas.
Dina kuwi isih peteng repet-repet Wahid wis lunjak-lunjak
karepe niru senam.
Wahid :
“ Mbah… olah saga, sene lho mbah, olah saga. Ben kuat, mbah. Awake
dadi seges . (ngomong karo senam , banjur push up)
Simbah :
“oalah Hiiiid , ora pareng bobuk ana lemah ngono, mesakake ibu sing ngumbahake
klambi karo clana no!”
Wahid :
“ iki tasih olah saga mbah, olah saga.
Simbah :
“ dudu olah saga Hiid, nanging olah sego , eh , olah raga maksute simbah.”
Wahid :
“ Lha iya mbah, olah saga!”.
Simbah :
“ iyo wis lah Hid, karepmu. Koe iki memang pancen isih pelo.”
Wahid :
“ Mbah, engko tindak-tindak ya.”
Simbah :
“ Saiki bae Hid, mumpung isih esuk. Bubar ngonoterus adus.”
Wahid :
“ He’eh Mbah, tak salin sik ya, kaosku seged ki lho.” (banjur mlebu omah)
Wahid :
“ Buk…Ibuk, salin Buk, kaose Wahid seged, aku asep tindak-tindak kaso Simbah.
Asep ngubengi kampong.
Wahid
karo simbahe banjur lungo.
Simbah:
“ hid, kene tak bedeki cangkriman, yen ngadeg ambruk, nanging yen ambruk malah
ngadeg.. apa coba??
Wahid: “
Wayang mbah”
. . .
Simbah:
“salah..opo jal hid..”
Wahid:
“sesok sapu!..”
Simbah:
“ yo salah no, sing bener iku jempol sikil”
Wahid :”
saiki genti aku mbah. Duwe gulu,duwe awak, lan duwe tangan, nanging osa duwe
sisah lan sikil. Apa hayooo???
Simbah: “
Memedi”
Wahid: “
Salah. Sing benes klambi..”…..
…………………………………..
Ibu : “
Langsung adusa Hid, meng gek diutus ibuk.”
Wahid :
“ He’eh” (karo mlebu jedhing)
Wahid :
“ Pada hasi Minggu kutusut ayah ke kota..” (dibolan-balen)
Ibu : “
Ayo rada cepet sithik Hid, selak diutus
ibuk ki lho.”
Wahid :
“ he’eh, dusung sikatan Buk, osa-osa nek lali.”
Sakwise
rampung, Wahid nututi ibune menyang pawon.
Wahid :
“Diutus apa ta Buk ?”
Ibu : “
Iki tumbasna tumbar ana warunge Bu Darsih.” (karo ngulungke dhuwit)
Wahid :
“ Susuk sak Buk? Nek susuk asep tak tumbasna jagung bakas ya Buk!”.
Ibu : “
He’eh, susuk telung atus, kena kokenggo tumbas jagung bakar.”
Wahid
banjur mlayu bleber menyang warunge Bu Darsih sinambi mbengok-mbengok.
Wahid :
“Hoseee….. hoseeee…… aku asep maem jagung bakas!”
Tekan
warunge Bu Darsih.
Wahid :
“ Bu Dassih, tumbas tumbas.”
Bu
Darsih : “ Tumbas apa Dhik Wahid ?” (karo nampani dhuwit saka tangane Wahid)
Wahid :
“ Tumbas ”
Bu
Darsih : “ Lha iya, tumbas apa, kawit mau kok mung matur tumbas-tumbas terus. Apa
tumbas iki?” (karo nudingi krupuk). ”
Wahid :
“Gak.”
Bu
Darsih : “ iku?”
Wahid : “ Gak! Tumbas tumbas!
Wahid wiwit katon mangkele. Apa maneh, wong-wong sing
blaja padha ngguyu dheweke. Dhuwit ana astane Bu Darsih direbut maneh, banjur
klepat mlayu mulih karo nangis
Wahid : “(tekan
omah dhuwit diuncalne ing pangkone ibu sing lagi marut klapa, banjur nangis
karo gulung-koming ana ruang tengah) Aku emoh diutus ibu maneh, emoh, pokoke
emoh!(karo bengok-bengok)”
Mbak
Sari : “ Ana opo ta Hid, kok yo teko-teko nangis karoo bengok-bengok koyo kui.
Ngganggu reti rak! Isih ngerjakake tugas ki aku.”
Bapak :
“(ngajak Waid lenggah ana kursi teras) Kepriye ta Nang, kok nangis kaya ngono?
Waid kepengin dadi bocah pinter apa bocah bodho?”
Wahid : “Ya pengin pintes Pak.”
Bapak : “ Bocah pinter kuwi kudu manut yen diutus ibu lan
bapak, mbak Sari lan simbah uga.”
Wahid : “ Lha anu kok Pak, aku diutus tumbas tumbas malah
diguyu kok.”
Bapak : “ Tumbas tumbas? Lha iya tumbas apa?” (ora
mudeng)
Wahid : “Ya tumbas, tumbas kanggo masak ibu.”
Ibu : “ Oalah
Hid, Wahid, dadi kuwi ta sing marahi
gulung koming mau.” (karo nggujeng kepingkel-pingkel lan ngelus sirah putrane)
Bapak : “ Lho kok malah nggujeng, ana apa ta Bu?”(isih
durung mudeng)
Ibu : “
iki lho Pak , Wahid iki mau dak utus tumbas tumbar, nanging olehe muni
tumbas-tumbas. Dadi sing dodolan ya ora pirsa ngono. Mesthine Wahid diguyu wong
akeh, saengga muring-muring iki mau.”
Bapal : “ Ooo.. ngono ta. Ngono bae kok muring-muring ta
Hid, besuk maneh ora pareng ya.”
Wahid : “He’eh.”
Bapak :
“Wis, saiki kana caosana kertas karo potlot, tumbare ben diserat ana kertas.
Terus mengko Wahid menyang kios maneh.”
Rindhik asu digithik, Wahid cekekal tangi minangkani
pamundhute bapake. Dheweke wis mbayangne sida maen jagung bakar tenan.
Pemeran
Wahid : Petra
Bapak : Ranggah
Ibu : Dhini
Bu
darsih : Bella
Pembaca
naskah+mbak sari : Nindi (saya)
--26--
Tidak ada komentar:
Posting Komentar