Halaman

Jumat, 27 Desember 2013

Wigatinipun Ketupat ing Dinten Riyaya

Wigatinipun Ketupat ing Dinten Riyaya
Sawise nglakoni pasa sasasi suwene, kanthi rasa seneng lan bungah padha ”ngrayakake hari kemenangan” kang arane bada. Ana sing ngarani bakda utawa lebaran. Ing dina bada iku, saanane wong Jawa malah kepara sa-Indonesia mesthi padha gawe kupat lan lepet.

Apa ta werdine kupat lan lepet tumrape wong Jawa?
Tumrape wong Jawa, kupat lan lepet kang dinikmati ing wektu bada iku mau ora ana liya wujud pralambang lan simbol srawunging manungsa marang Gusti, manungsa marang manungsa liyane. Kupat lan lepet iku anggone gawe ora mung sadrema didang kaya sega kang butuh wektu mung sedhela. Apa maneh saiki ana magig com utawa magig jar. Gawe kupat lan lepet iku dibuntel, ditaleni, digodhog ing kwali utawa dandang kanthi suhu panas kang dhuwur mbutuhake wektu sing suwe banget, saengga kupat lan lepet bisa mateng. Yen nggodhoge mung sedhela utawa ora taneg, kupat lan lepet ora enak rasane lan mesthi kepyar ora lengket. Proses, wujud, lan tegese lepet iku aweh wewarah mangkene:
Sasuwene setaun manungsa nglakoni urip, mesthi tumindak kang becik lan ala. Becik marang Gusti lan manungsa, uga ala marang Gusti lan manungsa. Yen becik mesthi bakal diganjar dening Pangeran. Dene kalakuwane ala, manungsa kudu digodhog ing kawah candradimuka kanggo nglebur dosane marang Gusti sasuwene sesasi nglakoni pasa. Mula kupat lepet iku mau digodhog molak-malik kadi dene kawah candradimuka. Iki mujudake hubungane manungsa karo Pangeran.
Wungkuse utawa songsonge kupat kang digawe saka janur kuning utawa ron klapa enom kang nglambangake tulak bala. Janur ateges cahya swarga, yaiku kajupuk saka tembung jannah lan nur. Tembung nur saliyane ateges cahya, uga nglambangake kahanane manungsa kang wus bali suci maneh sawuse sesasi wutuh nindakake pasa.
Dene wujude kupat kang segi empat nggambarake prinsip kiblat papat, lima pancer, kang maknane ing ngendi wae manungsa duweni tujuwan, baline tetep marang Sing Gawe Urip. Wujud persegi empat iku uga bisa dimaknani minangka gambarane petang jinis nepsu manungsa, yaiku amarah (emosional), aluamah (nepsu kanggo maremake rasa luwe), supiah (nepsu kanggo nduweni apa-apa kang endah) lan mutmainah (nepsu kanggo meksa dhiri). Petang jinis nepsu iku kang ditelukake sasuwene pasa, saengga kanthi mangan kupat, pawongan iku dianggep wus bisa nelukake petang jinis nepsu kasebut.
Dene nalika nyawang wujud anyaman kupat kang njlimet nggambarake maneka warna kaluputane manungsa. Nalika kupat disigar, katon werna putih kang nggambarake karesikan lan kasucene ati sawuse sesasi nindakake pasa lan njaluk apura marang kabeh kaluputane. Manawa beras minangka isi kupat, nglambangake karaharjan sawuse Dina Riyaya.

Dene wujude kupat lan lepet iku senajan asale saka beras lan saka ketan, sawise digodhog wujude wis ora beras lan ketan maneh. Wis ora ijen-ijen, ora bisa kepyar kaya asale. Beda karo sega utawa ketan dang-dangan ta? Enak ta? Mantep ta? Kok kaya lagune Mbah Surip wae.....he he he.. Wujud kang kaya ngono iku mau mujudake sawise sesasi pasa manungsa dikongkon ”merenung” marang kaluputane uga marang manungsa sapepadhane supaya tetep lengket anggone paseduluran lan kekancan. Ditaleni kenceng. Iku mujudake kencenging tali paseduluran. Aja gampang cengkah lan regejegan saengga ”memecah persatuan lan kesatuan”, aja nganti ucul. Mula kupat lan lepet iku lengket, kenyal ora gampang ambyar.
Sing paling wigati mungguhing kupat lan lepet iku ing teges simbule wong Jawa. Yen ngaku dadi wong Jawa kudu duwe watek kaya kupat lepet. Kupat mono kerata basane kula lepat. Dene lepet kerata basane disilep sing rapet. Tembung disilep iku tegese padha karo ditutup utawa dikubur.
Maksude, wong Jawa iku sanajan uripe sarwa samun ing samudana utawa sarwa simbol lan sandi, yen pancen duwe kaluputan kanthi tanggung jawab kudu gelem ngaturake kaluputane lan nyuwun pangapura. Ora tumindak sesongaran, gumedhe, kuminter, kumalungkung, sapa sira sapa ingsun. Ora kena ndeleng drajat lan pangkat. Yen pancen luput kudu gelem ngakoni yen luput. Banjur kudu gelem nyuwun pangapura. Samono uga, yen pancen sing salah wis gelem ngakoni salahe banjur nyuwun pangapura, sing disuwuni pangapura ya kudu nyepura kaluputane pawongan mau.
Tumrape para pejabat, elinga marang kupat lan lepet. Aja dumeh dadi pejabat terus menang-menangan, tumindak sawenang-wenang marang sapepadha llan rakyate. Panjenengan punika kedah mad sinamadan kaliyan rakyat. Amarga Panjenengan dados pejabat punika amargi dukungan saking rakyat.

Mangan kupat jangane sante, menawi lepat nyuwun pangapunten.
--26--

Tidak ada komentar:

Posting Komentar